Senin, 31 Januari 2011

Tugas kanggo kels 9

BUDAYAKU
Dening:   Febi Pakartining Tias
 
SMPN 1 Wlingi Blitar

terkadhang ana rasa tumlawung
sumimpen primpen jroning ati kang rengka
endah edine budaya luhung
kebandhang globalisasine mangsa


yen aku kangen kumandhange kidung
jebul kang dakrungu
lagu manca kang durung srawung
yen aku kapang marang lutung kasarung
o.........aku tansaya bingung

budayaku.........
ati kang rengka iki tansaya gripis
sliramu kekikis nganti krisis
para mudha taruna padha ora nggubris
kapilut gandrung marang tembung manis
marang gebyare budaya manca kang ora etis

budayaku........
siji mbaka siji para mudha taruna padha lali
siji mbaka siji para mudha taruna cidra ing janji
marang jejering wajib nguri-uri
memetri budaya jawi
murih bisa widada lestari

Juara I Lomba Cipta dan Puisi Jawa
Siswa SMP Jawa Timur
 

Coba gawea Geguritan kaya anggitane Febi ing dhuwur, kanthi tema kang jumbuh karo rasaning atimu !

Senin, 24 Januari 2011

contact

NAMA           : SUHARTANTO, S.Pd.
TTL               : SUKOHARJO, 23 JANUARI 1977
ALAMAT       : Jl. CUT MUTIA 02/03 Lingk. KEBON, Kel. PLOSO, PACITAN

KANTOR       : SMPN 1 BANDAR, PACITAN
TELP             : 081329521427